Nembang Macopat Kanggo Nguri-uri Budaya Jawa

Vina kelas XI P lagi nembang Gambuh

Subah, KencanaNews —  Tembang macopat kalebu seni tradisi ing kabudayan Jawa. Lumrahe ditembangke karo rengeng-rengeng diiringi swara gamelan. Yen ana sing kepingin ngrungokake macapatan, bisa ndeleng pakeliran wayang utawa adicara klenengan sing kerep diadani papan-papan kabudayan ing Batang.

Macapat iku kalebu tembang sing isih ditresnani masarakat saiki. Luwih-luwih wong-wong tuwa. Yen dideleng ing maneka adicara Jawa, akeh wong tuwa sing gelem lungguh suwe ing cerak gamelan sambi ngrungokake macapatan. Sakwalike, nom-noman ora akeh sing gelem sinau utawa ngugemi macapat.

Awit saka iku tembang macopat diwulangake ing sekolah supaya nom-noman gelem nguri-uri budaya Jawa. Sanajan rada angel para siswa kudu bisa nembang macopat koyodene ing SMK Bhakti Kencana Subah. Dino Selasa 18 Januari 2022,  Siswa kelas XI Asisten Keperawatan praktek nembang macopat Gambuh. Diwiti saka Fina kang praktek nembang gambuh saka Serat Wedhatama.

“Kanthi praktek nembang macopat kejaba melu nguri-uri budaya Jawa kang adhiluhung uga bisa nglatih rasa percaya dhiri siswa ing ngarepe wong akeh,” ature Fina. Kajaba iku ing sajroning tembang macopat kakandut pitutur luhur kang bisa dadi piwulang supaya dadi manungsa kang bener. Ngerti marang Gustine, bisa memayu hayuning bawana ing bebrayan agung. (Str)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *