Ambal Warsa Kaping 12 SMK Bhakti Kencana Subah Batang

Subah,, KencanaNews – Dinten Sukra Palguna (Jum’at Pon) surya kaping 7 Januari 2022 minangka dinten pengetan ambal warsa SMK Bhakti Kencana Subah ingkang kaping 12. Pengetan menika dipun wontenaken ing SMK Bhakti Kencana Subah kanthi acara mujahadah, potong tumpeng, santunan lare yatim saha panglipur musik.

Wilujengan Ambal Warsa

Pengetan ambal warsa dirawuhi siswa, guru saha staff TU. Kagitan dipun wiwiti kanthi tanggap wacana saking Bapak Muhammad Imron, SHI ingkang dados sesulihipun kepala sekolah ingkang dinten menika ngayahi jejibahan parapatan dinas. “Mugi-mugi ing ngajeng SMK Bhakti Kencana Subah langkung majeng, saget paring sumbang sih kangge nginggilaken kawruh saha kapribaden (karakter) siswa supados ndadosaken siswa ingkang unggul ing babagan punapa kemawon” Ngendhikanipun Bapak Muhammad Imron, SHI. Adicara dipun lajengaken mujahadah utawi dedongo sareng ingkang dipun pandegane Bapak Taufik Surahman. Kanthi dedongo menika mugi-mugi dipun paringi kebarokahan saking Gusti Allah SWT. kagem pawiyatanipun, bapak ibu gurunipun, staff saha para siswanipun.  

Santunan Lare Yatim

Adicara dipunlajengaken nugel tumpeng saking ketua OSIS ingkang dipun paringaken bapak guru. Tumpeng menika minangka tandha sukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kawilujengan, kasarasan saha karharjan dumateng kita sedaya. Kanthi menika dados pepenget dumatheng kita supados tansah eling marang Gusti ing wekdal punapa kemawon. Sumbangan kagem lare yatim utawi piatu dados pungkasaning adicara ing dinten menika. Lare yatim ingkang rawuh inggih menika 4 saking desa Kalimanggis saha 6 saking desa Jatisari. Sumbangan kangge lare yatim menika saking para siswa saha sekolah kanthi gunggung ingkang mboten sepinten naging mugiyo saget mbiyantu lare yatim kangge ragad sekolah ugi sanesipun. Para lare rumaos sumringah, remen angsal peparing saking sekolah. (Str)

Pentas Seni
Pego warna-warni
DJ Naja