Pitutur Luhur Saka Crita Rakyat

Subah, KencanaNews – Ing jaman saiki crita rakyat wis ora kondhang maneh dicritakake ing satengahe masyarakat. Masyarakat luwih nggatekake yen ana sing crita ngenani sinetron. Mangkane ing piwulangan basa Jawa crita rakyat dilebokake ing sajroning kurikulum.

Ibra lagi maca crita rakyat “Keong Mas”

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asli karya bebarengan (kolektif) karo masyarakat ing papan iku. Saben dhaerah mesti ana crita rakyat kang sumebar tumurun saka wong tuwa marang putrane. Sejatine ancas utawa tujuwane crita iku ora mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandhi ing sajrone crita. Pesen kasebut kang diarani pitutur luhur.

Ikka lagi maca crita rakyat “Rawa Pening”

Kanthi nggantekake crita rakyat kasebut panutur utawa pawongan kang nyritakake duwe pangarep-arep supaya pawongan kang dicritani bisa tumindhak kang luwih wicaksana. Kayatha kanthi nyritakake Malin Kundhang panutur nduwe karep supaya wong kang dicritani bisa tumindhak bhekti marang ibune sanajan ibune ora duwe bandha donya. (Str)  

Satu Komentar pada “Pitutur Luhur Saka Crita Rakyat”

  1. Terima kasih atas jawaban nya mbak mas sekali lagi aku ucapkan banyak banget terima kasih sama mbak mas

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *