Upacara Pengetan HUT RI Kaping 78 Ing SMK Bhakti Kencana Subah

Subah, Kencana News – Kamis 17 Agustus 2023 SMK Bhakti Kencana Subah ngawontenaken upacara Pengetan HUT RI Kaping 78. Ing upacara kasebut menangka dados Inspektur upacara Bapak Widi Novianto, S.Pd., M.Pd. kanthi petugas upacara sakaing OSIS SMK Bhakti Kencana Subah. Upacara dipun wontenaken ing pelataran SMK Bhakti Kencana Subah.

Ing saklebetipun pidato kasebut, panjenenganipun ngaturaken pangandikanipun Menteri Pendidikan kaliyan Kabudayan Nadim Anwar Makarim ing pengetan HUT Proklamasi Kamardikan RI kaping 78 taun 2023.

Wonten ing pangandikanipun, piyambakipun ugi njlentrehaken tema ingkang dipuntindakaken wonten ing pengetan HUT RI 2023 ing wekdal punika, inggih menika “Terus melaju untuk Indonesia maju”.

Mboten kesupen wonten ing pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 78 nembangaken Dinten Kamardikan anggitanipun H. Mutahar.

Sasampunipun upacara rampung, adicara salajengipun inggih menika pengumuman pemenang Lomba SMK Bhakti Kencana Subah ugi penyerahan bebungah dhateng para siswa ingkang katetepaken juara.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *